Curhat : Nesu

Sugeng Enjang, kulo badhe carios.

Sampun nate ditulungi priyayi ingkang saweg kawruh? Kulo sampun.

Kulo sakmenika gadhah rencang sampun kados sederek. Tiyangipun alus, ayu, pinter, rasukanane sae lan  atinipun sae ugi taseh legan. Deweke niku enggih ugi blogger kados kulo lan panjenengan, sami-sami wonten WordPress. Nanging mriko langkung dangu sak untawis tinimbang kulo. Sakjane nggih sami damele, ananging kulo rodo aras-arasen nyerat wonten WordPress benten kaleh priyayi menika ingkang sregep e ngawu-awu.

Kulo nggih sampun nate kepanggih dheweke sepindhah wonten kithonipun.

***

Sak jroning carios, awake dewe niku saweg jagongan pacelaton wonten WhatsApp. Ngandakne kathah saking Ha dugi Nga. Saking barang penting ngantos ingkang sepele. Ingkang baken sedaya menika diceritakne. Hla wong sampun cedhak banget lajeng nggih nopo mawon gathuk.

Hlah sakwijining dalu, kulo menika crita menawi kulo gadhah tanggungan saking Bank mayuta-yuta. Amargi kulo nate diapusi rencang kulo piyambak. Lajeng rencang kulo menika minggat mboten wonten wartanipun. Lajeng sakniki kulo malah ingkang kengeng pulutipun. Kulo jane nggih mboten badhe crito, ananging sampun kasep metu nggih langsung kemawon bablas bloko sak kabehing. Kulo nggih niatipun mboten badhe nyambut arto.

Hlah ujug-ujug dheweke niku malah nawani kulo badhe mbiyantu tanggungan menika ben enteng sitik. “Aku iso ngewangi opo, mas?” Soale jare mbake menika, menawi utang wonten Bank niku harom. Riba. Sababipun nganaki. Mboten sae, niku genah marai sitik-sitik dadi mlarat. Marai rejeki seret. Nggih saestu niku.

Hla sakmenika kulo nggih langsung kaget, njondhil ngasi ngoweh. Nggih mosok tiyang saweg srawung kok sampun kerso mbiyantu. Lajeng mriko mboten purun kulo sukani barang kagem panjer. Kulo badhe kirimi laptop menawa ali-ali emas dheweke nggih kekeh mboten kerso. Ingkang baken, priyayi menika mboten purun disukani nopo mawon. Ikhlas lair lan batin ngendikanipun. Kulo ngantos thenger-thenger mangertos kahanan menika, kok nggih wonten priyayi ingkang kados menika sae ne wonten ing donya ingkang soyo Bubrah menika.

Kulo nggih lajeng matursuwun sanget kaleh dheweke. Lajeng kulo janji dateng kulo piyambak, ing wayah lan papan pundi kemawon kulo badhe mbales mbake menika. 

Ananging, sakmenika dheweke saweg duko kaleh kulo, amargi kulo goroh babagan yuswa kaleh dheweke kaping kaleh. Kulo nggih sampun nyuwun ngapuro, ananging priyayi menika ngendika, ” njaluk ngapuro ki gampang yo,mas?” Kulo nggih mendel mawon, tinimbang mangke malah soyo mangkel. Malah soyo tebih.

Kulo ajak pacelaton cirose malah nambai budrek. Nggih sampun, kulo ngalah kemawon pripun kersane priyayinipun. Sakmenika dheweke sampun mboten kerso pacelaton kaleh kulo. Sanjange sak untawis. Ananging nggih ngapunten kantun kahanananipun. 

Nggih sampun, kulo namung saget nyuwun kaleh Gusti, mugi-mugi atinipun saget lumer maleh kados padatan, saged gegojekan gayeng maleh, saged crito kathah maleh lan sak kathahipun. Mugi-mugi Gusti ingkang moho kuwaos saged mireng donga kulo. Aamiin.

Nuwun.

Have a nice day bro. CMIIW

34 thoughts on “Curhat : Nesu

  1. aku jowo totok tapi kok melu mumet ya, mas? butuh pembiasaan mungkin. kapan-kapan pengin juga nulis pakai bahasa jawa. aksara jawa kalau perlu. hihi …

    Liked by 1 person

  2. Ya Allah kepalaku cenut cenutan baca tulisan bahasa jawa semuaaaaa, mana jawa alus lagi. Padahal aku kan org jawa juga πŸ˜‚

    Btw itu dia marah karena mas boong ttg umur terus sampe skrg gamau ngbrol lagi, gitu?

    Like

    1. Mbak Nadya kan jawa bagian barat. πŸ˜‚πŸ˜‚. Tasik.
      Iya, betul sekali seperti itu intinya. Hlah ini sudah tau maksudnya .

      Bdw..mana postingannya Mbak Nadya? Aku tunggu ya

      Like

      1. Saya sudah 20 taunan tinggal di Jogjaaa tp, harusnya kan ya paham lah. Ga cenut cenut kyk tadi wkwk.

        Hehe iyaa nih mas udah dua bulanan belom nulis lagiiii T.T semoga minggu ini bs ngepost deh.

        Like

        1. Mungkin lingkungannya jarang memakai basa Kromo Alus. Jadi ya cenut cenut. Kalau lingkungan saya, masih banyak yang pakai, apalagi pertemuan desa dan dusun, pidatonya aja pake ginian.

          Iya, cepetan posting. Saya kan nge-fans mbak Nadya

          Like

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out /  Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out /  Change )

Connecting to %s